Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Bab Awal Wajib Ngerteni Ngilmu Makrifat Tumrap Wong Islam Lanang lan Wadon


Tempuke Nurulloh lan Nur Muhammad kasi ora biso di bedaake wujudte lan rupane
Ababu awali fi bayani ma yajibu alal insaani ala madhabil imamissyafi'i minal muslimin wal muslimati bikhaqillahi taala wajibu ala qulli muslimin wa muslimati salasatu asya a ahadahal iimanu watsaa tsiihaatauhidu wasalisuhaa (hal 2) islam wasyartulniimaani bil Ilmi lannal imaana bila Ilmi lam tasih Isma nuhu.

Artine   panjenengane syeh Sirroj alariif  sakwuse moco bismillahirrahmanirrahim moco Alhamdulillah sak wuse dua sholawat lan salam banjur ngendika, abane pengendikane . 

Ingsun ngawiti ing kitab ingsun  Iki kanthi sun jenegake kelawan jeneng kitab Sirojul Ma'arif  kerono ngemper ngemperi  jeneng syeh Muhammad Sirroj Alariif.

Dene Syeh Muhammad Siroj alariif iku anak lanange Kyai Syafi'i.

Dene Kyai Syafi'i iku anak lanange Ujang Hasyim.

Dene Ujang Hasyim iku asma tuwo Kyai Abu Hasan .

Dene pangendikane kang awal iku nerangake barang barang kang wajib tumrap kanggo wong Islam lanang barang barang wajib tumrape kangge wong Islam wadon kelawan Haq ing Allah ta'ala.

Dene kang wajib tumrap kangge kabeh wong Islam lanang lan kangge wajib tumrap wong Islam wadon iku ana telung perkoroiyo iku (hal 3)

1. Iman
2. Tauhid
3. Islam

Dene syarate iman iku kudu nganggo dasar pengertian kerono saktemene iman iku ora absah.

Waqola Nabi Muhammad SAW: Dene ilmune iman iku ono Patang perkoro:
1. Ilmu Syariat
2. Ilmu Thoriqot
3. Ilmu Makrifat
4. Ilmu Haqiqot.

PASAL  NGILMU SYARIAT
Miturut  kanjeng nabi Muhammad SAW;
Dene ilmune iman iku ono Patang perkoro ilmu Syariat, ilmu Thoriqot, ilmu Makrifat, ilmu Haqiqot. 

Waqoolannabiu SAW :
"Wa ilmusyariatu fahuwa makrifatu ashliljasadis makrifati kholiqotil jasadi wa amaliha Bima amarollohu ilaiha min ilmuddiini wafru iha" lan dawuhe maneh sopo kanjeng nabi Muhammad SAW artine dawuhe:
Dene  utawi kang den arani ilmu syariat iku kudu mengerteni asal mulane jasad lan mengerteni penggaaweane jasad tegese mengerteni asale jasad lan Iyo iku mangerteni penggaaweane jasad , mengerteni asale jasad lan Iyo iku ngerteni kedadeane jasad  lan mengerteni (hal 4) ing penggaaweane jasad ing barang barang kang perintah sopo Alloh marang jasad miturut pengertian perintah agomo lan pengertian pang pange agomo.

Miturut dawuhe kanjeng Nabi SAW mengkene:

Qoola nabi SAW ma abidallohu bisyaiin afdholu illa min fiqhimfiddiin.

Artine:
Ora Ono Sinembah sapa Alloh kelawan coro piye wae.

Kok biso Utomo ora kejobo kan nganggo pengertian  perintah agomo .

Dadi Yen arep ngaji yo  kudu nganggo peraturan  ngaji.

Yen arep sholat Iyo kudu nganggo peraturan sholat

Yen arep nyambut gawe Yo kudu nganggo peraturan  nyambut gawe opo wae.

Nyambut  gawe wis jagake nyambut gawe opo wae dadi kabeh iku mau kudu nganggo coro miturut peraturan kang cocok karo undang undange Gusti Allah di contoni dening  kanjeng nabi iku penggaaweane Dhohir di arani syariat iku kudu nganggo pengertiane kang di arani ilmu syara. 
(Hal.  5)

Dene carane Iyo iku kudu mangerteni dumadine jasad.

Dene carane mangerteni dumadine jasad  iku kudu mangerteni Nurulloh lan Nur Muhammad iku kudu mangerteni dzat sejati.

Dene asal mulane iku Dzatulloh, kerso nyatake wujude nur Muhammad.

Banjur dzat sejati kerso ngumpulake Nurulloh lan Nur Muhammad.

Nurulloh kang di arani Nuruldzat, Nur Muhammad kangdiarani Nur Sifat.

Nurulloh diarani Lanang sejati, nur Muhammad di arani wadon sejati.
 
Banjur Nurulloh kang diarani Lanang sejati Nur Muhammad kang di arani wadon sejati  Iki maju di kumpulaken dadi siji

Dene tempuke sorote cahyane Nurullloh lan Nur Muhammad iku kasi ora keno di bedaake wujudte lan ora keno di bedaake rupane koyo dene kumpule Lanang sejati marang wadon sejati.
(Hal. 6)

Temulu suwujine Alloh ta'ala dawuh marang Nur Muhammad, dawuhe mankene " Alastu birobbikum"  artine: opo dudu Ingsun to Nur Muhammad pengeran iro?

Sak wuse mangkono temuli suwujine inggal inggal matur marang suwujine Alloh ta'ala aturane mengkene "Qoolu bala" artine: matur wau inggih jeandiko meniko Gusti pangeran dalem.

Sak wuse nangkono temulisuwijine Alloh ta'ala dawuh marang Nur Muhammad dawuhe mangkene, " Wamaa kholaqtul Jinna wal Insa illa liyakbuduun" artine dawuh mengkene sak temuli Ingsun ora andadekake Kabeh jin lan menuso kabeb kajabo supoyo pada nembah marangsuwijine Ingsun.

Sakwuse mangkono temuli suwujine Nur Muhammad sak kale banjur sujud marang suwujine Alloh ta'ala lawase kasi mongso seket ewu tahun.

Dadi olehe sujud Nur Muhammad iku mau rambah kaping lima dadi saben saben sujudan lawase mongso (hal. 8)  sepuluh ewu tahun Iyo ikudadi Tondo tondone anane syariat tegese nuduhake anane pekerjaan dhohir Yo iku pekerjaan jasad lan gahoto kudu taat marang Gusti, kudu nindaake perintahe Gusti lannuduhake anane kawulo lan anane Gusti lan anane dhohir lan anane batin lan nuduhaken anane syariat lan anane haqeqot anane syariat kaya nindaake sholat limang waktu lan Liya liyane koyo Kabeh laku ibadah lan koyok lakune ka becikan.

Sakwuse mangkono temuli suwijine Alloh Ta'ala dawuh Kun Fayakun banjur Nur Muhammad kang dadi wadon sejati ketingal ngandut Iyo iku ngandutake alam sak isine hinggo  Nur Muhammad ngelahiraken alam wahidiyah sak isine.

Mulo Podo ngertiyo saktemene kang di arani ngilmu syarak iku pengertian mangerteni ing peraturan pekerjaan kang wajib di kerjakan jasad kahuto.

Dene pekerjaan iku arane syareat dene ngilmune iku di arani ngilmu (hal 8) syarak, ..

Dene ngerteni asal mulane lan nyatane kabeh  perkoro dhohir iku pokoke ngilmu syarak. Mulo iku retenono jalaran yen kasi ora ngerti dununge kawulo lan Ira ngerti dununge Gusti, banjur ora absah kabeh kang di lakoni jalaran ora ngerti sejatine kang di sembah .

Yen wis ngerti asale lan ngerti dadine lan wis ngerti ing kabeh lan wis ngerti wujudte lan wis ngerti rupane las wis ngerti asmane banjur ngerteni sejatine kang nyembah lan ngerti sejatine kang di sembah.

Mulani ngertiyo yeng asale Urip iku Songko Nurulloh lan jasad gauto iku asale Songko Nur Muhammad.

Banjur ngertiyo yen Urip iku qodim banjur ngerti Yen Urip iku Pengeran yen jasad lan gautho iku muqdas Yo iku anyar lan yo iku kaulo. Mulane banjur ngerti sejatine kang nyembah lan ngerti sejatine kang di sembah dadi afsah kabeh kang den dilakoni.

Dene yen ora ngerti asale lan ora ngerti gawene lan ora ngerti dadine banjur dadi kafir jalaran ora ngerti bedane kang aran kaula lan kang aran pengeran lan ora ngerti  ing senajane kang nyembah lan ngerti sejatine kang di sembah.

Di tulis Seperti Kitab Aslinya
 




Posting Komentar untuk "Bab Awal Wajib Ngerteni Ngilmu Makrifat Tumrap Wong Islam Lanang lan Wadon"

 

Sak derenge Maos kitab tawasul Rumiyen dateng Syeh Muhammad Siroj Al Arif lan Maos Sholawat x4