Nerangake Huruf bak ing Lafadz Albismillah
Kanthi pasal nerangake katerangan artine isine hurup ba'e lafadz البسم الله
(hal 33)
Dene katerangan hurup ba' e lafadz البسم الله iku anane alam wahdah Iyo iku nuduhake sifat Sejati-Sejatine Sifat ingkang sejatine Muhammad iyoiku naliko muhammad isi sinimpen ingdalem Dzatulloh keno di arani sifat isih sinimpen ingdalem Dzatulloh mulo keno diarani hakikote Muhammadiyah kerono uripe Muhammad isih sinimpen Ono uripe Alloh. Badane Muhammad isih kasimpen Ono wujudte Alloh dadi lamun Ono kang ngaku ngaku muhamadiyah kok Ira ngerti sejatine Muhammad tegese Ira ngerti artine lafadz البسم الله mesti ora ngerti sejatine Muhammad yen ora ngerti sejatine Muhammad iku sak temene Muhammadiyah palsu dadi dudu Muhammadiyah Hakiki yen Muhammadiyah hakiki iku wongkang wis ngerti Muhammad. Jalaran kang di arani Muhammadiyah iku sejatine Muhammad.
Dene sejatine Muhammad iku tegese naliko isih ghoib tegese uripe Muhammad isih sinimpen uripe Alloh (hal 34) Badan Muhammad isih sinimpen ingdalem Dzatulloh, keno di arani badane Muhammad isih sinimpen ingdalem nur Muhammad, nur Muhammad isih sinimpen ingdalem Nurulloh. Nurulloh isih sinimpen ingdalem Dzatulloh.
Dadi keno di arani sifat isih sinimpen ingdalem Dzat.
Iyo Muhammadiyah iku sejatine Nurullloh lan keno di arani sejatine nur Muhammad, keno di arani lan keno di arani kenyataane Alloh kang dadi siji sekabehane alam sak isine pisan.
Mulo dadi ngertiyo yen Alif lafadz البسم الله iku dadi uripe sekabehane alam sak isine pisan.
Dene Ba'e lafadz البسم الله iku dadi rogone sekabehane alam sak isine mulo keno di arani wijine alam sak isine iku songko Alif
lafadz البسم الله lan ba'e lafadz البسم الله .
Dene wijine kahanan alam lan wijine sekabehane isine alam kang biso (hal.35) ketingal moto koyoto wujud Rogo opo wae iku Songko lafadz البسم الله .
Dene wijine uripe sekabehane alamsak isine iku songko lafadz البسم الله . Mulo diarani wijine alam sak isine iku songko lafadz البسم الله jalaran Alif lafadz البسم الله lan ba'e lafadz البسم الله iku dadi bapak lan ibu ne alam sak isine kerono Alif lafadz البسم الله iku di arani sejatine Nurullloh dene Ba'e lafadz البسم الله iku di arani sejatine nur Muhammad .
Sak wuse mengkono nuli sejatine Nurullloh lan sejatine nur Muhammad iku mau banjur kumpul dadi suwiji koyo dene kumpule dzat dan sifat kasi ora keno di bedaake rupane lan wujudte kasi wujud tunggal Rupo tunggal .
Mulo kumpule sejatine Nurulloh dan sejatine nur Muhammad iku mau keno diarani koyo kumpule Lanang sejati marang wadon sejati utowo di arani koyo dene (hal.36) kumpule bapak lan ibu kerono sejatine Nurullloh dadi bapake alam sak isine kang biso ngelahirake alam sak isine, dene sejatine nur Muhammad iku dadi ibune alam sak isine kang biso ngelahirake kahanan alam lan rogone sekabehane isine alam.
Mulo sejatine Nurullloh iku keno diarani Lanang sejati, dene sejatine nur Muhammad iku keno di arani wadon sejati.
Dene kumpule sejatine Nurulloh lan sejatine nur Muhammad iku mau keno di arani Nur tilik Nur lan keno di arani nur mangan nur
Olehe koyo mengkono iku kerono suwijine Alloh kerso nyataake wujudte, Dzatul lanbwujud Sifate lan Alloh Ta'ala nuduhake marang nyatane Nurulloh Ta'ala di tuduhake marang sekabehane menuso lan kangge conto Kabeh menuso dalile dawuhe Alloh Ta'ala karerangane Ono kitab suci Al-Qur'anulkariim mangkene:
" Nuurun alanurin yahdillah linurihi ma yasya' u wayadribulihul (hal. 37) amsalalinnasi waullohu bikulli Syai'in aliim"
Tegese Ono nur mangan nur utowo di arani arane kumpule nur Podo nur careme Nuruldzat lan nurussyifat Iyo iku sejatine Nurullloh lan sejatine nur Muhammad.
Dene olehe kumpul dadi suwiji iku mau nuduhake yen sejatine Nurullloh arep nyataake kahanan Nurulloh Ta'ala Kanti den weruhakelan wong wong kang di kersoake lan kang di dadekake lanbgawe conto marang wong wong kang di kersaake tegese marang Kabeh menuso supoyo Podo mangerteni yen saktemene Alloh Ta'ala iku ngerti marang sekabehane barang kang dumadi Awit dhohir Sampek batin.
Telas keterangane hurup Alif
lafadz البسم الله lan isine isine ba'e lafadz البسم الله .
Selesai
Posting Komentar untuk "Nerangake Huruf bak ing Lafadz Albismillah "