Nerangake Ngilmu Hakekat
Pasal Kanthi Nerangake ngilmu Hakekat
Dene kang Aran ilmu hakikot iku mangerteni badan Alus kang lungguh Ono sak jerone badan wadak tegese Iyo iku badan Alus kang manggon ono sak jerone badan wadak Iki rupane:
1 Nafsu Aluwamah kang nduweni angin nafas Iyo iku Ireng rupane lungguhe Ono waduk pelewangane cangkem (hal. 55) tunggangane macan pujine "La Ilaha Illallah".
2. Nafsu Amaroh Iyo iku kang anduweni angin Tanafas Iyo iku Abang rupane lungguhe Ono ing ati pelewangane Ono ing irung tunggangane butho pujine " Ya Alloh Ya Muhammad"
3. Nafsu Sufiyah Iyo iku kang anduweni angin Angfas arane rupane kuning lungguhe Ono Peru pelewangane Ono ing kuping tunggangane ulo pujine " Ya Alloh Ya Alloh"
4. Nafsu Mutmainah Iyo iku kang anduweni angin Nufus Arne rupane putih lungguhe Ono ing utek pelewangane Ono ing moto tunggangane gajah putih pujine "Ya Hu Ya Hu"
5. Ruh Jasmani Iyo iku sejatine Sukmo arane gawene Purbo nafsu aluwamah dene rupane lan lungguhe lan pujine lan tunggangane ruh jasmani iku tunggal tegese Podo Karo nafsu aluwamah.
6. Ruh Robbani Iyo iku Sukmo kang Waseso
Nafsu Amaroh (hal.56) dene rupane lan lungguhe lan pujine lan tunggangane roh Robbani iku tunggal tegese Podo Karo nafsu amaroh.
7. Ruh Rohmani Iyo iku Sukmo langgeng arane dene gawene Iyo iku ngembangi nafsu Sufiyah dene rupane lan lungguhe lan pujine lan tunggangane Ruh Rohmani iku tunggal tegese Podo Karo nafsu Sufiyah.
8. Ruh Idhofi iku Sukmo luhur arane dene gawene melayani nafsu Mutmainah dene rupane lan lungguhe lan pujine lan tunggangane ruh Idhofi iku tunggal tegese Podo Karo nafsu Mutmainah.
Dadi arane manggene yen nafas iku purbo
Yen tanafas Waseso yen Angfas iku langgeng lanbnufus iku luhur.
Sak wuse mengkono banjur mangertiyo sak temene mungguh hakikote Alloh, Muhammad, Adam iku tunggal suruh ukire olehe tunggal iku koyo lir umpomone iwak telu dadi siji (hal. 57)
Iki Gambare Iwak Telu Ndase Siji
Yakni Alloh, Muhammad, Adam iku Ahadiyah, Wahdah, Wahidiyah tapi yen ningali hakikote mung wujud tunggal mulo yen di tingali Songko dhohir iwak telu dadi siji yen di tingali Songko buntut wujud telu, tapi yen tingali Songko Ndas mung wujud siji iku mengertiyoyen sak temene kuoso lan karep lan obah usik lan polah tingkah iku Kabeh Ono Ndas dadi yen (hal. 58) yen ngonoho Ahadiyah Wahdah Wahidiyah iku ora Ono kuoso opo opo lan ora ono karep opo opo lan ora Ono wujud lan ora ono obah usik lan ora Ono Aran opo opo lan ora ono gawe opo opo sak piturute kejobo mung othek Ahadiyah Alloh Muhammad Adam iku ugo ora Ono kejobo otheke Alloh .
Dene Ahadiyah iku maqone Alloh naliko isih durung kerso opo opo isih wujud Mahdi tegese isih wujud kang weco isih wujud dzat sejati isih wujud Muthlak kelawan idtlaq isih wujud dewe tanpo Ono kang mujudtake Urip Dewe tanpo Ono kang nguripake jumeneng dewe tanpa Ono kang jumenengake awal tanpo kawitan, akhir tapi pungkasan durung Ono Jamal dadi Sifate isih nafsiah mung sifat wujud,Qidqm, Bakok, mukholafatu lilbkhawadisi , qiyamuhu binafsihi, wahdaniyah banjur ora kerso berahi banjur kerso ngelahirake Nurulloh olehe (hal. 59) ngelahirake iku Songko Ahadiyah .
Banjur Nurulloh ngetoake alam wahdah Iyo alam wahdah maqone sifat iku keno di arani gedonge sifat lan keno di arani omahe sifat lan keno diarani negorone sifat Iyo iku omahe Muhammad naliko Muhammad isih ghoib tegese dadi gedonge Muhammad lan keno diarani omahe Muhammad lan keno di arani negorone Muhammad naliko Muhammad isih ghoib Iyo iku naliko uripe isih sinimpen ingdalem Dzat keno di arani uripe Muhammad isih ingdalem Ahadiyah, badan Muhammad isih senimpen ingdalem wahdah, wahdah isih sinimpen ingdalem Ahadiyah.
Sak wuse mengkono temuli Alloh Ta'ala ngelahirake Nur Muhammad olehe ngelahirake Nur Muhammad iku sangking alam wahdah kanthi ketingal mencorong wujude Nur Muhammad iku mau tur bersih tur bening koyo dene koco gedene ora Ono wangenane adunge luhur ora Ono kang mbandingi ketingal gumantung ora ono camthelane.
Banjur naliko semono Alloh Sifate jamal kamal tegeae pantes lan sempurna, banjur ketingal (hal. 60) wujude keberahiane Alloh Iyo iku di arani Takyun Awal tegese wiwitane ketingal kenyataane Alloh Ta'ala banjur Alloh kerso anutake keberahiane Iyo iku Alloh Ta'ala kerso amethukake utowo ngelahirake ruh Idhofi kang calon kanggo wadahe nur Muhammad kanthi mencorong ketingale Nur Muhammad gumebyar Padang temuli Alloh ngelahirake tukod ghoib Iyo iku kang calon kangge rosone Nur Muhammad sak wuse mengkono temuli suwijine Alloh banjur ngumpulake ruh Idhofi tukod ghoib Nur Muhammad olehe ngumpulake Nur Muhammad iku mangkene Nur Muhammad
Olehe Nur Muhammad kapulas tukod ghoib nuli Nur Muhammad sak wuse kapulas kelawan tuqod ghoib temuli kepanjingake ruh Idhofi sak wuse mengkono banjur ketingal Sampurno wujude Nur Muhammad.
Temuli Alloh Ta'ala ngasmani Nur Muhammad iku mahu kelawan asma Nurul khayat Muhammad tegese Padang Gumilang cahyane tur Urip tur maremake temuli Alloh Ta'ala dawuh marang Nurulkhayat Muhammad iku mahu dawuhe(hal 61) mangkene "Alastu birobbikum" artine dawuhe mahu mengkene: wahe Nur Muhammad opo Dudu ingsun to pengeran iro? temuli Nur Muhammad inggal inggal matur marang suwujine Alloh olehe matur mengkene: Qolu Bala atine mengkene "duh Gusti Jengendiko meniko pangeran adalem " temuli Alloh Ta'ala dawuh maneh koyo kang wus katerangake Ono kitab suci Al-Qur'anulkariim mangkene " Wasjudu Waqtarib" artine wahe " Nur Muhammad yen panci Siro ngerumangsani yen ingsun iku pengeran iro sak Iki ugo Siro temelungo hormat Tondo to'at marang Insung" temuli nur Muhammad iku mau sak kale banjur temelung hormat Tondo to'at marang Alloh Ta'ala Iyo mengkono iku dadi Tondo ne anane syariat yen kanjeng nabi Muhammad sak umate iku calon di perduake nindaake sholat limang waktu tanpo pilih pilih kejobo sing ora akal.
Sak wuse mangkono temuli nur Muhammad iku mau (hal62) banjur kasimpen dening Alloh Ta'ala olehe nyimpen ingdalem Nurulloh lawase kasi teko mongso seket ewu tahun tegese kumpule Nurullloh lan Nur Muhammad iku kasi teko mongso seket ewu tahun. Sak jerone seket ewu tahun iku sangking bangete kumpule Nurullloh lan Nur Muhammad kasi ora keno di bedaake Songko dene tempuke Nur Podo Nur.
Sak wuse seket ewu tahun banjur suwijine Alloh suwijine Alloh dawuh " Kun Fayakun" banjur Nur Muhammad kang di arani alam wahdah iku ngandut kang di andutake alam Wahidiyah.
Dene alam Wahidiyah iku isine kabeh alam. Dadi ngertiyo naliko waktu semono iku isih keno di arani dhohir senimpen ingdalem ghoib . Tegese Kabeh alam sak isine iku isih sinimpen ingdalem wahdah dadi waktu semono iku sing Ono (hal63) isih Urip Jati jasad Jatim bareng wahdah wis ngelahirake Wahidiyah , Wahidiyah ngelahirake Kabeh alam banjur ketingal kenyataane Alloh Ta'ala wus mengkono banjur Alloh Ta'ala dawuh dawuhe mangkene "Bi kaana. Bi yakuunu ma yakuunu wujudul Awa limlabwujuudun hakikiyun bal biismin wujudul hakikiwujudulloh" sak Iki wis ketinggal kenyataane wujude Alloh Ta'ala lan nyatane berahine Alloh Ta'ala sak Iki wis ketingalnopo barang barang kang kang nyoto Ono lan sabab dene bakal Ono maneh opo barang kang bakal anane pengertian sak temene nyatane wujude Kabeh alam ora Ono kang wujud sejati balik mung Aran belaka.
Dene wujud sejati iku mung Alloh beloko jalaran Kabeh alam iku asal saking Adam Iyo iku saking Adam Patang perkoro.
Dadi sak temene oranono alam yen ora Ono Wahidiyah, ora Ono Wahidiyah yen ora ono wahdah yen ora Ono Ahadiyah.
Dadi sak temene Kabeh alam iku wujude yo wujude Alloh, rupane Yo rupane Alloh, arane ugo arane Alloh, Kabeh gawene ugo gawene Alloh dadi mung kagungane Alloh kerono Kabeh iku mahu uripe lan wujude mung patemune nur karo nur tegese iyo iku patemune Nurulloh lan Nur Muhammad.
Mulo Siro kabeh yen arep nur tilik nur kudu ora keno di bedaake tegese Ojo kasi Katon di tingali kelawan moto iki Nurulloh Iki Nur Muhammad utowo Iki nur Alif Iki Nur bak Iki Lanang Sejati Iki wadon sejati dadi biso cocok karo dawuhe Alloh katerangan Ono kitab suci Al-Qur'an " nurrun Ala nuurin yahdillah linurihi Maiyasya wayadribullohal amsala linnaasu wallohu bikulli Syai'in alim"
Artine ananeb nur tilik nur iku Alloh Ta'ala kerono kangge nuduhake marang wong wong kang di kersaake lan gawe conto marang Kabeh menuso.
Sak temene Alloh iku ngerti marang (hal 65) Kabeh perkoro dadi anane Nurullloh lan Nur Muhammad naliko kumpul ananebora keno dibedaake wujude iku Yo dadi conto supoyo Kabeh menuso yen pinuju nur tilik nur Ojo kasi keno di bedaake lamun di tingali kelawan moto supoyo patutane biso fanak Dzat, fanak Sifat, fanak Asma lanbfanakbaf'al tegese yen nuju Kun Fayakun Ojo kasi ketingal kelawan moto yen kasi ketingal moto patutane ora biso dadi ahli makrifat lanbahli hakikot tegese ora biso nduweni derajat ngarifin mulo Siro kabeh Podo ngertenono lan ilingo sak temene Kabeh af'al , asma, sifat iku mung otheke dzat Iyo iku kaweruhono kang nyoto jalaran Iki Kabeh pokoke ilmu hakikot. Wallohua'lam.
Telas
Posting Komentar untuk "Nerangake Ngilmu Hakekat"