Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Nerangake Kang di Arani Sirri Bathin

Ilustrasi 

 Dene kang di arani Sirri batin iku nalika Alloh isih ghoib iyo iku Alloh nalika isih durung dhohire tegese Alloh durung (hal.82) kerso nyataake wujude isih dzat sejati isih ono alam akhadiyah. 

Iyo alam akhadiyah  iku isine ora ono kuto kejobo mung Alloh beloko. 

Dadi alam akhadiyah iku keno den arani  negorone Alloh keno di arani alame Alloh lan keno di arani omahe Alloh.

Dene nalika Alloh durung lahir iku isih wujud dzat jati tegese nalika durung berahi mek durung kerso nyataake wujude isih di arani latakyun tegese isih durung ono kang ngerteni  babar pisan marang sejatine Allah nalika waktu semono iku di arani isih wung wung.

Wung wung ora ono opo opo babar pisan sing ono isih Alloh ta'ala déwé dalile dawuhe Alloh mangkene " Allohu wahdahulasyarikalah" artine nalika Allo isih ono alam akhadiyah iku mung déwé tegese ora ono opo2 kejibo mung Alloh déwé ora ono liya liyan maneh tur ora ono kang ngancani babar pisan.

 Dalile dawuhe Alloh katerangan ono kitab suci Alquranulkarim (hal.83) "Qul Huwallihu ahad"
Artine Dawuhono yen sak temene Alloh ta'ala iku nalika isih ghoib yakni isih ono alam ahadiyah sing wujude isih Alloh dewe. Kabeh alam durung ono.

Temuli suwijine Alloh kerso berahi banjur kerso ngelahirake alam wahdah. 
Olèhé ngelahirake iku Songko sak jerone alam ahadiyah .

Iyo alam alam wahdah iku  keno diarani alame Nurulloh .

Dene Nurulloh iku asale Songko teko Alif  telung perkoro .

Dene Alif telung perkoro iku asale Songko alif lafadz الله iku diarani Alif Dzatul Wahid.

Den Alif  kang asal Songko Lame lafadz الله kang awal iku diarani  Alif khuruful Wahid.

Dene Alif kang asal Songko Lame  lafadz الله kang akhir iku diarani Alif mutakallim Wahid.

Dene Alif Dzatul Wahid iku nuduhake Alloh dzat sejati - sejatine dzat. (hal.84)

Dene Alif khuruful Wahid iku nuduhake anane Urip séhat+ sejatine urip

Dene Alif mutakallim Wahid iku nuduhake anane Ingsun sejati - sejatine Ingsung.

Sak wise mangkono nuli suwijine Alloh ta'ala kerso ngelahirake Nur Muhammad di lahirake Songko Alif Dzatul Wahid kelawan wujud koyo kocokang bening tur kang bersih lan olèhé ngelahirake ono alam wahdah kono.

Sak wise mangkono Temuli suwijine Alloh ta'ala kerso ngelahirake nuqodh ghoib olèhé ngelahirake Songko Alif khuruful Wahid kang calon dadi rosone Nur Muhammad olèhé ngelahirake ugo ono alam wahdah.

Temuli suwijine Alloh ta'ala kerso ngelahirake ruh idhofi dilahiraké Songko Alif mutakallim Wahid kang calon dadi wadahe Nur Muhammad olèhé ngelahirake ugo ono alam wahdah.

Sak wuse mangkono Temuli suwijine Alloh ta'ala kerso ngumpulake Nur Muhammad nuqot ghoib roh idhofi di kumpulake dadi  (hal.85) dadi suwiji 

Dene carane olèhé ngumpulake Nur Muhammad nuqot ghoib ruh idhofi iku mahu mangkene Nur Muhammad di pulas kelawan nuqot ghoib kanthi  sampurno temuli kapanjingake marang ruh idhofi kanti sampurno banjur ketingal sampurno wujude Nur Muhammad.

Banjur Nur Muhammad di Asmani Alloh ta'ala kelawan asma Nurul hayat Muhammad. 
Sak wuse mangkono Temuli suwijine  Alloh ta'ala  dangu marang Nurul hayat Muhammad iku mahu pandangune mangkene : "Alastu Birobbikum" artine opo dudu ingsung  ta pangeran iro Nurul hayat Muhammad?

Sak wuse mangkono Temuli Nurul hayat Muhammad inggala inggala matur marang suwijine Alloh ta'ala aturane mangkene " "Qolu Bala" artine wau " Inggih jengendiko meniki gusti pangeran adalem"

Sak wuse mangkono  temuli suwijine Alloh ta'ala banjur dawuh manèh marang Nurul hayat Muhammad dawuhe mangke "wasjud Waqtarib" Artine mangkene "Wahai Nurul hayat Muhammad yèn pancèn temen temen ngakunibyen Ingsun pengeran iro sak iki ugo Siro mareko (hal.86) marang Ingsun lan sujud tobsiro ing Ingsun." 

Sak wuse mengkono nuli Nurul hayat Muhammad inggala inggala marek marang ngarsané Alloh ta'ala Temuli Nurul hayat Muhammad ugo inggala inggala sujud marang sejatine Alloh ta'ala  kanthi adab lan hormat tegese mulyaake suwijine Alloh ta'ala iyo iku dadi tondobtondonebyennkanjeng nabi Muchammad sak ummate calon den perduake nindaake sholat limang waktu ingdalem mongso sedino suwengi sak wuse mangkono banjur Alif Dzatul Wahid ngelahirake 
Uripe Nurul hayat Muhammad di lahirake Songko Alif khuruful Wahid kang asal Songko Lame lafadz الله kang awal kanthi Nyoto sampurno uripe Nurul hayat Muhammad.

Sak wuse mengkono banjur Alif Dzatul wahid ngelahirake Wahidiyah di lahirake Songko  wahdah

Dene Wahidiyah (hal.87)  iku dumadine Songko Alif Tamsir.

Dene Alif Tamsur asale Songko ha'e lafadz الله  .

Dene alam Wahidiyah iku wujud isiné pirang ouran alam.

Dene carane lahir alam Wahidiyah iku Alloh Dawuh "Kun Fayakun" banjur Nyoto wujud Wahidiyah sak isine tapi wujude alam Wahidiyah sak isine iku isih kasimpen ing dalem wahdah iyo iku arane takxun awal  sak wuse mengkono banjur Alif Dzatul Wahid iyo iku sejatiné Alloh Dawuh manèh " La wujuding hakikiiyun bal bis min wujudul hakiki wujudullah"  artine dawuh mangkene  sebab déné Ingsun sak iki ugo barang barang kang wus ono opo barang barang  sebab déné Ingsun ono maneh opo barang barang .



Lagi di tulis.. 

Posting Komentar untuk "Nerangake Kang di Arani Sirri Bathin"

 

Sak derenge Maos kitab tawasul Rumiyen dateng Syeh Muhammad Siroj Al Arif lan Maos Sholawat x4