Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Huruf Sin Lafadz Al Bismillah



 Kanti Pasal Nerangake Huruf Sine Lafadz Albismillah

Dene huruf sin lafadz البسم الله  iku isine nuduhake anane Wahdah Iyo iku nuduhake anane ilmu telu  lan anane Asma Telu  jalaran Sin lafadz  البسم الله  iku rengget telu  jalaran isi isine huruf sin lafadz  البسم الله
Iku isine ilmu telu lan asma telu. 

Tegese ilmu telu lan asma telu iku manggone Ono sine kono . Dene kang di arani ilmu telu mangerteni Ahadiyah, Wahdah,  Wahidiyah.

Mulo mangertiyo yen alam iku alame Alloh naliko isih ghoib.

Dene yen alam wahdah  iku alame Muhammad  naliko isih ghoib. 

Dene yen alam Wahidiyah iku alame Adam naliko isih ghoib. 

Iyo Ahadiyah iku  keno di arani negorone Alloh naliko isih ghoib lan isih dzat sejati  - Sejatine  dzat durung Ono sifat keno di arani Alloh isih durung lahir tegese dur...
ung Nyoto dadi, durung Ono kenyataane Alloh isih wujud Mahdi tegese isih wujud Mutlaq kelawan idtlaq  tegese isih wujud dewe tanpo Ono kang wujudtake, Urip dewe tanpo Ono kang nguripake jumeneng dewe tanpo Ono kang junenengake (hal. 39) , awal tanpo Ono kawitane, akhir tanpo Ono pungkasane sifat isih Jalal.

Dene Wahdah iku keno diarani negorone Muhammad naliko Muhammad isih ghoib lan keno diarani Muhammad isih sifat sejati-Sejatine Sifat durung Ono nyatane Muhammad. Dadi Muhammad iku isih manggon ono negoro Wahdah iku isih wujud Jati utowo isih wujud jisim jati uripe Muhammad isih Urip Jati. Banjur sak wuse Nyoto wujudte alam wahdah banjur sejatine Alloh Ta'ala sifat Jamal jalaran wis ketingal sifat Alloh Ta'ala kanthi nyoto Iyo iku nyatane wujudte Nurullloh lan Nur Muhammad Iyo iku kang di arani Takyun Awal .

Dene Wahidiyah iku keno di arani negorone Adam naliko isih ghoib lan keno diarani isih asmo sejati sifat sejati jisim sejati . Dadinaliko manggon ono alam Wahidiyah  iku sing Ono lan sing manggon isih sejatine Adam kahanane Adam isih durung ono (hal.40) banjur Iki retenono.


Dene kang di arani Asmo Telu iku:
1. Asmo Alloh
2. Asmo Muhammad
3. Asmo Adam 

Dene Asmo Alloh iku asmone Dzat Sejati, dene Asmo Muhammad iku Asmane Sifat Sejati, dene Asmo Adam iku Asmone Asmo Sejati lanniyi iku Asmane Rasulullah Sejati. Dene tegese kang den karepake rosul iku nyatane nur kang diuripi sangking Nurulloh mbuh rupane opo wae kang urip Songko Nurulloh Iyo iku rosul arane, dene kang di nomoni nabi Adam Iyo iku rosul kang dadi bapake menuso Kabeh.

Mulo menuso iku keno di arani metu saking nabi Adam lan menuso iku keno di arani anak Adam.

Telas katerangane isi isine huruf Sine  lafadz  البسم الله  cukup Iki wae jalaran isi isine huruf lafadz  البسم الله  iku yen diterusake olehe bicara lan di teroake hingga sak enteke isi isine huruf Sine lafadz  البسم الله
Iku Ira biso entek lan senajan (hal.41) di rembuk Awit saikinganti tekane Dino kiamat olehe bicara olehe ngerembuk iku durung entek bahasane isi isine huruf Sine lafadz  البسم الله  lan durung cukup tapi senajan mung di culik mung koyo keterangane yen Asmo Adam iku Asmone Rosul Iyo wis keno. Dene kang di arani Rosul iku Kabeh nur kang di uripi sangking Nurulloh. Insya Allah katerangan Iki wus biso ceto LAN biso gamblang  ora kathik mamang panjenengan Sulton Al Arifin nate dawuh dawuhake yen isi isine huruf Sine lafadz  البسم الله  iku di bocoran utowo di rembuk await sak Iki nganti teko dino kiamat durung biso entek bicarane isi isine huruf lafadz  البسم الله  selagi isih bicara babar pisan ora keno mati mungguh (hal.42) dhohire. Dene mungguh hakikote malah wis Adam Patang perkoro.

Telas katerangane huruf Sine lafadz  البسم الله.
Wahullihua'lam.

Posting Komentar untuk "Huruf Sin Lafadz Al Bismillah "

 

Sak derenge Maos kitab tawasul Rumiyen dateng Syeh Muhammad Siroj Al Arif lan Maos Sholawat x4