Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Ngilmu Makrifatulloh | Alif Dzatul Wahid


 Faslun fi bayanil ilmil makrifat

Iki kanthi pasal ingdalem nerangake ngilmu Makrifat nggih puniko mangerteni Alif Dzatul wahid.

Dene Kang di arani  makrifat iku mangerteni badan Alus kang manggon ono sak jeronie badan wadak. 

Dene carane mangerteni  badan Alus kang manggon ono sak jerone badan wadak iku kudu  mangerteni anasir ruh lan kudu mangerteni  dumadine ruh lan kudu mangerteni sejatine Alloh kudu mangerteni sejatine urip .

Dadi kang di arani mangerteni anasir ruh (hal.24)  iku mangerteni asal mulane ruh lan mangerteni dumadine ruh lan ngerteni gawene ruh lan mengerteni penggaweane ruh .

Dene carane mangerteni asal mulane ruh lan mangerteni dumadine ruh lan mengerteni gawene ruh lan mangerteni gaweane ruh lan mengerteni penggaweane ruh lan mangerteni sejatine urip lan mangerteni sejatine Alloh iku kudu mangerteni artine lafadz  البسم الله   (baca Al bismillah) tegese kudu mangerteni isi isine huruf lafadz البسم الله  .

Saktemene lafadz البسم الله  iku dadi kawitane sekabehe perkoro dadi pungkasane sekabehane perkoro ugo dadi kawitane sekabehe kitab lanbdadi pungkasane sekabehane kitab, awit kitab Al-Qur'an hingga sak teruse kitab opo wae  punjere iku   البسم الله الرحمن الرحيم  dadi masalah opo wae iku ora liyo wijine mung (hal.25)   البسم الله الرحمن الرحيم dadi yen mengkono Siro iku yen arep  mengerteni marang sejatine Alloh iku Yo iku kudu mangerteni artine البسم الله .

Yen arep mangerteni Kabeh alam sak isine pisan iku yoiku kudu mangerteni artine   البسم الله  .

Yen mangerteni wire ilmu iku Iyo kudu mangerteni  البسم الله

Yen arep ngerteni pange ilmu iku kudu mengerteni artine lafadz البسم الله

Yen arep mengerteni kembange ilmu iku yokudu  mengerteni artine البسم الله  .

Yen arep mengerteni wohe ilmu iku kudu mengerteni artine   البسم الله  

Yen arep mangerteni pathoakne ilmu iyoiku kudu mangerteni  artine   البسم الله   

Yen arep mangerteni dadunge ilmu iyoiku kudu mangerteni artine   البسم الله    

Yen arep mangerteni akehe ilmu iku Yoiku kudu mangerteni artine   البسم الله   

Yen arep mangerteni kedunge ilmu yoiku kufu mangerteni artine   البسم الله   

Yen arep mangerteni paidahe ilmu iyoiku kudu mangerteni artine   البسم الله  

Cekake (hal26) arep mangerteni apa wae mbuh bongso dhohir mbuh bongso bathin mbuh bongso ghoib pisan iku yo kudu mangerteni artine   البسم الله  

Dadi Yen ora ngerti artine البسم الله  mesti ora biso sampurno ngertine.

Mulo wong Islam Lanang lan wong Islam wadon iku wajib mangerteni artine  البسم الله 

Lan mangertenni siji sijine hurupe  lafadz البسم الله  jalaran kasi ora ngerti artine lafadz البسم الله   Lan ora ora ngerti artine lafadz  البسم الله   lan ora ngerti siji sijine  huruf  artine البسم الله    iku isih dadi kafir tegese mripate lan atine isih kaling kalingan tegese  isih durung makrifat kang Sampurno jalaran Kabeh awal akhir dhohir batin iku Kabeh kamut ana lafadz  البسم الله  lan kamut Ono siji sijine huruf lafadz  البسم الله  tegese manggone Ono salah sijine huruf lafadz  البسم الله  .

Mulo Ojo pisan pisan kasi ora ngerti isi isine lafadz  البسم الله  lan ngerti isi usine (hal27) huruf artine  البسم الله   yen kasi ora ngerti temen durung biso sampurno makrifate yen durung sampurno makrifate senajan wong mau wis kuncaro alime olehe mondok wis Sewu tahun, gurune wis Sewu gur, kitabe wus Sewu kitab, muridte pirang pirang ewu LAN biso mlaku Ono uwung uwung tanpo  tumpakan lan biso selulup Ono njerune Geni tanpo keroso panas lan Iyo biso ngilang kedotan lan jopo opo wae duwe lan dungak  opo wae kang di sejo teko ibadahe ibadahe luwih khusyuk Yo koyo mengkono iku mau sejatine isih di arani kafir indallah. Mulo Ojo pisan pisan mung terima ngendelake wong tuwo turun tegese ngendelake wong tuwone lan Mbah mbahe jalaran wong iku turun kyai tegese senajan anake kyai utowo anake haji utowo anake wong arab utowo anake nabi pisan yen ora ngerti artine (hal28) lan isi isine lafadz  البسم الله  lan artikel isi isine hufupe البسم الله  iku isih kafir indallah. 

Dene yen wis ngerti ing isi isine hufupe البسمالله   senajan anake chino , anake butho, utowo anake wong Dayak iku wus Islam Sampurno. 

Mulo yen kepingin dadi wong Islam ngindalloh wong Lanang utowo wong wadon wong wandu, wong Londo, wong Chino wis wong opo wae ora pilih pilih mbuh mbuh tuwo mbuh anom mbuh gede mbuh cilik mbuh pangkat mbuh ora, Podo estokno LAN Podo temenono nggoleki pengeran mengerteni artine  البسم الله   lan pengertian mengerteni artine isi isine  lan siji sijine huruf lafadz  البسم الله   pomo pomo ojo sembrono Ojo kasi ora ngerti Yen kasi ora ngerti (hal 29)  banjur ora absah kabeh ngamale. Tegese Kabeh kang dilakoni ora bisa absah mungguhe Gusti Allah mbuh laku ibadah mbuh laku bongso bathin mungguh tobat Yo ora di trimo dening Gusti Allah jalaran ora ngerti kang jeneng ibadah lan ora ngerti kang di taubati.

Dene karerangane isi sine artine البسم الله   lan ora ngerti isi isine siji sijine hurupe  البسم الله   yoiku rupane Alif lafadz  البسم الله  iku saktemene di arani Alif Ahadiah  utowo diarani  Alif Dzatul wahid. Mulo di arani Alif Ahadiah jalaran Alif lafadz  البسم الله  iku nuduhake anane Alloh nalika isih durunng berahi, Iyo iku nalika Alloh Ta'ala isih ujud mutlak kelawan idtlak  tegese isih wujud dewe tanpo Ono kang wujudtake isih Urip dewe tanpa Ono kang nguripake siih jumeneng dewe tanpo Ono kang junenengake awal tanpo Ono kawitane, akhir tanpo Ono pungkasane. (hal 30) 

Dene olehe di arani Alif Dzatul wahid jalaran lafadz  البسم الله  iku Tondo nuduhaken anane Dzat sejati - sejatine dzat iyoiku nalika durung Ono opo sing Ono isih dzat sejati durung Ono sifat babar pisan keno diarani sing Ono isih dzat Jalal iyo iku tondo onone pengeran mung Alloh beloko lan Iyo wektu semono  Alloh suwiji ora Ono kang ngancani lanbira Ono kang bandingin Kanti Nyoto wujudte mahdi yoiku wujudte kang sak weco tegese olehe di arani kang sak weco iku ora wujud liyo liyo mung Alloh dewe lan wujud mung siji tanpo Ono wujud luro lan Alloh iku kang nduweni Urip tunggal Karo kang nguripi mulo di arani Urip tunggal Karo sing nguripi iku jalaran kang di karepake Alif Dzatul wahid iku kang di arani Banyu Nur Alif  lam ugo di arani Banyu urip sejati -  Sejatining Urip  lan ugo di arani ugo di arani Banyu Suci Sejati  ugo di arani ratuning (hal. 31) Urip ugo di arani segorone urip Ugo keno di arani sejatine uripe Alloh yoiku keno diarani Urip tunggal jalaran Urip Tan keno Pati jalaran olehe diarani Urip tunggal Karo pati, Pati tunggal Karo urip tanpo pisah pisah tanpo kumpul tanpo hurup tanpa suoro iyoiku nalika suwijine Alloh nalika durung berahi tegese Alloh Ta'ala durung dadi Gusti lanbdurung kerso dadi pengeran ugo durung kerso andadekake kabeh alam  ujudte isih ujud Mahdi Iyo iku isih wujud sak weco tegese isih wujudte tanpo Ono kang mujudtake Urip Dewe tanpo Ono kang nguripi, jumeneng dewe tanpo Ono kang junenengake, walntanpo kawita, akhir tanpo pungkasan lanbisih durung Ono opo opo kejobo mung Alloh beloko.

Dadi naliko  iku isih (hal. 32) keno di arani la tak Yun  tegese isih durung ana kang ngerti wujudte Alloh babar pisan jalaran Kabeh alam durung Ono Sifate Alloh Ta'ala isih sifat Jalal durung Ono sifat Jamal lan durung Ono sifat kamal lan durung Ono sifat kohhar . Dalile dawuhe Alloh Ta'ala. Katerangan Ono kitab suci Al-Qur'an " Qul huwallohu Ahad" artine dawuhono Muhammad marang umatmu kabeh yen saktemene nalika Alloh Ta'ala iku nalika isih durung berahi tegese nalika durung kerso andadekake alam sak isi isine wujud suwijine Alloh Ta'ala iku isih wujud tunggal Urip, tunggal roso tunggal sifatev Jalal iyo iku koyok mengkono iku keterangane artine isine hurupe Alipe lafadz البسم الله .

Selesai.

Posting Komentar untuk "Ngilmu Makrifatulloh | Alif Dzatul Wahid"

 

Sak derenge Maos kitab tawasul Rumiyen dateng Syeh Muhammad Siroj Al Arif lan Maos Sholawat x4