Fasal Nerangake Lahir lan Batin
![]() |
Gambar Ilustrasi |
Faslun Fi Bayaniddhohiri Wal Batini
Dene Fasal Iki iku mertelaake utawi nerangake dhohir lan bathin.
Mulo Iki podo kaweruhan Podo ngertenono sak temene kang diarani menuso iku dhohir lan bathin tegese; dhohir iku Kawulo lan bathin iku Pengeran
Dhohir iku Muhammad lan bathin iku Alloh, goutane jasad, bathin iku uripe jalaran dhohir iku asale Songko Nur Muhammad, yen Urip iku diarani qodim.
yen jasad Lang goutan iku diarani Muhdas tegese anyar dadi menuso iku kudu ngerti dhohir lan kudu ngerti bathin jalaran yen ora ngerti kang di arani dhohir oran ngerti kang di arani bathin banjur ora ngerti kang di arani Kawulo lan ora ngerti kang di arani Gusti.
Yen ora ngerti kang diarani Kawulo lan ora ngerti kang diarani Gusti banjur ora ngerti sejatine kang nyembah lan sejatine kang di sembah. Yen wis ngerti sejatine Kawulo lan sejatine Gusti banjur sejatine kang nyembah lan sejatine kang di sembah lan ngerti sejatine kang urip lan ngerti sejatine kang mati, Yen wis ngerti sejatine kang urip lan sejatine kang mati banjur ngerti sejatine awake lan ngerti sejatine pengerane.
Dadi bisa cocok karo dawuhe Alloh Ta'ala katerangan ana kitab suci Alquran
" Man arofa nafsahu faqod arofa robbahu wa man jahila nafsahu faqod jahila robbahu faqod kafaro"
Artine sopo wae kang ora ngerti sopo wong ing sejatine awake Dewe sopo wong Moko temen ngerteni sopo wong ing sejatine Pengerane sopo wong.
Lan sopo wae bodo sopo wong ing sejatine awake Dewe sopo wong Moko temen bodo sopo wong ing sejatine pangerane sopo wong Moko temen kufur sopo wong.
Moko Yo Iki kang di arani ngilmu Thoriqot tegese dalane mangerteni marang sejatine Alloh Ta'ala lan (hal 21) dalane Bali marang Alloh Ta'ala. Dudu dalane sowan Maring Alloh Ta'ala. Yen ngarani dalane sowan marang Alloh Ta'ala iku durung iman. Yen di arani Bali marang Alloh Ta'ala iku wis iman tapi durung Sampurno tapi wis cocok karodawuhe Alloh Ta'ala katerangan Ano kitab suci Al-Qur'an:
" Alif Lam Mim. Dzalikal kitabula roibafihi hudallilmuttaqiin# Aladzi yukminuunassholata bil huda wamimma rozaknaa hun yungfiquun# walladzinayukminuna Bima ungjila ilaika waman ungjila mingkoblik Qabil akhirotihum yuqinuun Al hudammirrobbihim waulaika hilumul muflikhuun"
Artine:
Podo ngertiyo yen sak temene Alif lafadz "Alif Lam Mim" iku isyaroh Alloh, lamenlafadz "Alif Lam Mim" iku isyaroh malaikat Jibril dene mime lafadz "Alif Lam Mim" iku Isyaroh Muhammad.
Mulo Siro kabeh Podo ngertenono sing dikarepake "Alif Lam Mim" iku sak temene suwijine Alloh Ta'ala kerso tugas malaikat Jibril katugas nekakake Wahyu kitab suci Alquran di (hal 22) tekaake marang kanjeng nabi Muhammad Kabeh ummat Muhammad Ira keno mamang babar pisan yen saktemene kitab Al-Qur'an iku di siar siarake deneng kanjeng nabi Muhammad marang Kabeh menuso perlu kanggo pituduh marang wong wong kang anduweni dasar taqwa.
Dene wong wong kang Podo duwe dasar taqwa tegese kang di arani wong wong kang podo duweni dasar taqwa Iyo iku wong wong kang podo iman marang ghoib.
Dene kang di arani wongkang iman marang ghoib iku yoiku wong wong kang Podo iman sejatine Alloh Ta'ala jalaran kang Aran ghoib iku Yo iku sejatine Alloh Ta'ala.
Dadi carane iman marang ghoib iku kudu ngerti marang ghoib Iyo iku kudu ngerti marang sejatine Alloh. Dadi ora keno diarani duweni dasar taqwa. Yen ora ngerti marang sejatine Alloh jalaran ora keno di arani iman sejatine Alloh. Yen ora ngerti ing sejatine Alloh, yen wis ngerti sejatine marang sejatine Alloh Ta'ala banjur keno diarani iman marang sejatine Alloh. Yen wis (hal 23) iman marang sejatine Alloh banjur keno diarani duweni dasar taqwa lan keno diarani "yukminuna bilghoibi'' lan keno di arani "yuqimussholata" Iyo keno di arani "Humulmuflihuun" tegese Iyo iku kang diarani wong kang Podo Bejo sejati Iyo iku sejatine kang di karepake sejatine ngilmu Thoriqot. Wallohua'lam.
Telas
Bab Lahir Batin yang ada pada manusia
BalasHapus