Nyritaake Islam
Kanthi Pasal Nyritaake Islam
Mulo opo 'o Islam kok dirembuk keri ? Mulo mengkono saktemene Islam iku iku luwih angel yen durung iman.
Yen munggohe wong umum luwih angel iman tinimbang Islam.
Yen munggohe wong ngarifin luwih angel Islam tinimbang iman kerono ora bakal Islam yen durung iman.
Mulo tingkatan munggohe wong ngarifin iman, Tauhid, makrifat, Islam lan mungguhe wong ngarifin maneh makrifat, tauhid, iman, Islam kerono ora bakal Islam, ora bakal iman yen durung tauhid, ora bakal tauhid yen durung makrifat.
Mulo mungguhe wong ngarifin wajib, mungguhe menuso iku sing paling disik Dewe iku makrifat Billahi Kanti yakin dawuhe ngarifin mangkene: " Awalu wajibin alal insani makrifatul ilahi Bi istoqoni "
Dadi wajib pertama tumerap menuso iku makrifatul ilahi Bi istoqoni.
Tegese ngerti marang sejatine Pengeran kanthi Nyoto (hal.77) iku paling disek tegese kudu istiqon bi ahadiyah, Bi istiqon bi wahdah, bi istiqon bi wahidiyah, bibistoqon bidzat, bi istiqon bi sifat, bi istiqon bi BI asmaillah, bi istiqon bi af'alillah,
Dene yen wis bi istiqon banjur makrifat iman banjur makrifat tauhid banjur makrifat Islam.
Mulo Saiki wus ngerti syareat, ngerti Thoriqot, ngerti tauhid, ngerti hakiqot, ngerti makrifat banjur ngerembuk Islam.
Dene Islam iku rukune Ono 5 iyao iku :
1. Syahadat
Dene kang di arani syahadat 2 iku ngerteni lurone siji iyo iku ngerteni sejatine Alloh-Alloh Sejati lan ngerteni sejatine Muhammad-Muhammad sejati tegese ngerteni sejatine dzat-dzat sejati, lan ngerteni sejatine sifat-siafat sejati.
2. Sholat
Dene kang Arani sholat iku ngerteni lan eling kumpule sejatine Alloh lan sejatine Muhammad.
Tegese kumpule dzat lan kumpule sifat lan Iyo iku(hal.78) kumpule jasad , ati, roso Alloh kumpule dadi suwiji ilang jasad ati roso kari Alloh beloko.
3. Zakat
Dene kang di arani zakat iku bersihi dunyo lan bersihi akhirot.
Tegese ora Ono dunyo ora Ono akhirat.
Ora Ono dunyo iku tegese ora Ono penggawean , ora Ono akhirat tegese ora Ono ganjaran mung kari Alloh.
4. Puoso
Dene kang di arani puoso iku tegese
Ora Ono jasad, ati, ruh, roso kari Alloh, ora ono penggawean lan ora Ono kang di gawe lan ora Ono Aran lan ora ono kang di arani lan ora Ono urip lan ora Ono kang di uripi lan ora ono roso Lan ora ono kang di rosoake kejobo mung Alloh beloko.
5. Haji
Dene kang kang di arani haji iku Kabeh jasad, ati, ruh, roso rosoning, roso wis Ono Ka'batulloh ora ono kang kelewatan dadi kabeh wis Islam.
Tegese wus Bali Kabeh marang Dzatulloh ora ono kang kari babar pisan mung kari Dzatulloh.
Iyo mengkono iku kang di karepake (hal.79) dawuhe Alloh Ta'ala katerangan ono Kitab suci Al-Qur'an: " Ya ayuhalladzina aamanudkhulu fissilmi kaaffah"
Artine: eling eling sopo wae kang wus Podo iman utowo percoyo marang sejatine Alloh Moko Podo Podo lebokno apa wae marang bumi Alloh lan ora ono kabeh marang Alloh Ojo kasi ono kang kelewatan lamun siro wus biso tetep kang koyo mengkono iku wis keno di arani yukminuna bikutubihi.
Dene kang di arani yukminubikutibihi iku percoyo Lang ngerti Yen sejatine urip iku ora liyo mung Songko Nurulloh.
Dene sing di arani yukminuna Bi malaikatihi iku percoyo lan ngerti Yen sejatine Kabeh malaikat iku mung dadi menteri delegasi tegese mung dadi petugas nekakake opo wae marang Kabeh menuso lan Kabeh malaikat iku ugo ora duwe kuoso opo2 kajobo ngembun dawuhe dawuhe saking Alloh lan gede rojone isih luhur menuso kang ngerti sejatine Alloh Ta'ala (hal.80).
Dene kang di arani yukminunabiyaumilakhir iku percoyo lan ngerti Yen Dino akhir iku Dino putusan sing ahli Alloh Bali menyang ahlillah, sing ahli akhirat Bali menyang ahli akhirat, sing ahli neroko Bali menyang ahli neroko, sing ahli suwargo Bali menyang ahli suwargo miturut putusane Dewe Dewe ora sulito babar pisan dadi Podo mulih marang panggonane dewe dewe.
Dene kang di arani yukminuna bilqodari iku tegese ngerti percoyo marang qudrot Tan jizi Iyo iku pesti jaman alam mitsal tegese naliko Jaman alam alam mitsal iku wis Podo nompo pandumane Dewe Dewe.
Denebkang di arani jamane alam mitsal iku jamane pinisaah nyowo opo wae.
Posting Komentar untuk "Nyritaake Islam"