Lompat ke konten Lompat ke sidebar Lompat ke footer

Pasal Kanggo Ngerteni Ilmu Toriqot

Thoriqot minongko dadi penggaweane 

 Faslun fi Bayani Ilmitthoriqoti

Utawi artine pasal Iki iku ingdalem nerangake pengertian Thoriqot.

Dene pengertian thoriqot iku kudu mengerteni ruh lan asale ruh lan gawene ruh lan mangerteni asal mulane ruh lan dadine ruh lan kudu mangerteni asal mulane nafas lan mengerteni gawene nafas lan mangerteni dadine nafas.

Dene carane mangerteni asal mulane ruh lan mangerteni gawene ruh lan mangerteni dadine ruh lan mangerteni asal mulane nafas lan ngerteni gawene nafas lan mangerteni dadine nafas iku kudu mangerteni anasir ruh lan Anasir haq tegese iku kudu ngerteni dzatjati lan sifatjati  sak wuse mengkono banjur mangerteni wilangane ruh lan wilangane nafas.

Dene wilangane ruh iku ono Pitu yoiku kang di arani Ruhilhayat: 
Siji Iku arane Rohulqudus iya iku kang diarani ratune ruh  Kabeh keno di arani presiden ruh kabeh yen di ibaratake negoro keno di arani ratune negoro lan keno di arani presidene negoro lan ruh kudus iku kuasane ngatur negoro lan ngatur Abah ijone negoro lan kuoso ngatur toto temtreme negoro.

Dene asal mulane kabeh ruh iku mau mung Songko Alloh lan Muhammad tegese mung Songko  lafadz اللّٰه  lan مُحَمَّد tegese  hake lafadz اللّٰه lan Songko mime lafadz مُحَمَّد 
keweruha Kabeh ruh  (hal.11)  Pitu iku mau manggone dewe dewe lan pangkate dewe dewe dewe lan panggonane dewe dewe .

Dene nomer siji iyo iku ruh kudus tegese ruh kang suci kang diarani rohulloh uo iku uripe Alloh pangkate dadi ratune ruh kabeh utowo di arani ok presidene ruh kabeh .

Dene manggone iku ono istana utowo di arani Baitul makmur  Iyo iku omahe  pemerintah pusat Iyo iku ono  ing utek pelewangane Ono ing moto. Dene penggaweane iku kuoso ngatur Abang ijone negoro lan ngatur toto temtreme negoro lan ngatur isine negoro.

Roh Jasmani, dene roh jasmani iku kang dadi uripe sekabehane awak.

Dene pangkate dadi perdana menteri Iyo iku kang nguasani ngatur negoro ngatur pekerjaan kang kerjane kabeh propinsi.  tegese pekerjaane gubernur propinsi masing masing. 

Dadi kabeh gubernur iku kang dikerjani kudu tunggu komando Songko perdana menteri yoiku ruh jasmani arane. Dadi gubernur gubernur endi wae mbuh gubernur kang tugas (hal. 12)  utowo ono propinsi moto mbuh gubernur kang tugas utowo kang dinas ono ing propinsi irung,  mbuh gubernur kang tugas utowo  dinas ono ing propinsi kuping, mbuh gubernur kang tugas utowo dinas ono propinsi cangkem,  mbuh gubernur kang tugas utowo dinas ono ing propinsi tangan, mbuh gubernur kang tugas utowo kang dinas ono ing propinsi weteng, mbuh gubernur kang tugas utowo kang dinas ono ing propinsi sikil iku Kabeh tunggu instruksi Songko perdana menteri kang di arani ruh jasmani.

Iyo iku ruh jasmani iku kang biso nyukupi kebutuhan nafsu aluwamah . Dene nafsu aluwamah iku manggone Ono ing waduk pelewangane ono ing cangkem, rupane abang penggaweane ngucapke olo lan becik. 

Iku nafsu aluwamah  iku kang dadi gurune sekabehane berojo . Mulo ngertiyo yen ruh jasmani iku lanange utowo (hal. 13) di arani lanange jagat, dene nafsu aluwamah iku dadi wadone jagat. 

Yo iku ruh jasmani iku kang biso nyukulake roso lan pengeroso lan ruh jasmani iku keno di arani uripe sekabehane awak.

Mulo ruh jasmani iku di sebutake dadi perdana menteri sebab ruh jasmani iku nduweni haq merintah menteri luar negeri lan menteri dalam negeri.

Dene sebute ruh jasmani iku   لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ  
Iyo iku nuduhake yen ruh jasmani hubungane langsung marang ruh kudus lan ruh Rohmani lan ruh Robbani dadi tugas songko ruh kudus  menyang ruh jasmani banjur langsung den perintahake dening jasmani menyang ruh Robbani lan ruh Rohmani. 

Dene ruh Robbani iku kang dadi menteri luar negeri, dene ruh rohmani iku dadi menteri dalam negeri, dene ruh Robbani iku pekerjaan tata usaha kanggo kebutuhane negoro, dene ruh rohmani iku pekerjaane ngatur perlengkapan lan bagi ekonomi negoro lan pembangunan negoro (hal 14) lan kuoso ngatur opo wae sak jerone negoro lan kuoso nyitak olo becike negoro subur ancure negoro lan kuoso ngatur tata tertib negoro dadi sing tugas opo wae dalam negeri Yo iku ruh rohmani arane iyo rohmani iku Lanang.

Dene nafsu amaroh iku wadon.

 Dene manggone ono ati jinem mlebu metune ono irung  tegese pelewangane ono ing irung.

Dene nafsu amaroh iku manggone Ono ing belung pelewangane ono irung.

Dene ruh rohmani sebute  لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ  Yo iku nuduhake yen roh roh rohmani iku biso hubungan menyang ruh sirri 
Lan ruh Robbani lan ruh rohmani iku di arani kurungan wadak lan ruh rohmani iku keno diarani manuk majazi di arani manuk majazi dadi ruh rohmani iku mungguh hakikote ora ono biso obah lan biso kerjo apa wae kejobo obahe blan kerjoe manuk hakiki lan Iyo ruh rohmani iku kang bisa nyukulake pengambu. (Hal15)

Dene ruh Robbani iku dadi menteri luar negeri yoiku kang nguasani masuk keluare opo wae kang metu Songko luar negeri lan dadi tanggung jawabe ruh Robbani cukup kurange dalam negeri yo ugo tanggung jawabe ruh Robbani.

Dene ruh robbani Ieki lanange dene nafsu Sufiyah iku wadone. Ruh Robbani iku manggone Ono ing ati Fuad pelawange Ono ing kuping.  Dene nafsu Sufiyah iku manggone ono ing jantung pelewangane ugo Ono ing kuping. 

Dene ruh Robbani sebutane Alloh Alloh yoiku nuduhake yen saktemene ruh Robbani iku Iso  menyang sekabehane ruh lan manuk majazi
Bersambung.... Arane yoiku biso nyukulake pangerusu lan ngrasaake.

Dene ruh sirri iku dadi menteri agama tegese ruh sirri iku nguasani sekabehane hukum lanbsekabehane ruh. Yen arep hubungan menyang Endi ae kudu liwat marang roh Sirri. (Hal 16).

Lan ruh sirri iku kang nduweni hak mutus sekabehane perkoro olo mbuh perkoro becik iku dadi tanggung jawabe roh Sirri

Dene ruh nurani iku menteri pendidikan kang tanggung jawab pengertian bidang  opo wae dalam negeri iku ugo tanggung jawabe ruh nurani.

Dene ruh Sirmani iku kang dadi menteri delegasi yoiku tanggung jawabe masalah opo wae hubungan menyang negara ngendi ae Yo iku dadi tanggung jawabe ruh Sirmani.

Dene ruh rohani iku dadi menteri pertahanan dadi pekerjaane ruh Ruhani Iyo iku tanggung jawab amane dalam negeri.

Dene musuh luar negeri lan dalam negeri iku dadi tanggung jawabe menteri pertahanan Iyo iku ruh Ruhani arane tapi mungguh hakikote kang tanggung jawab sekabehane opo wae iku saktemene ora Ono maneh kejobo ruh kudus jalaran ruh kudus iku kdng dadi ratune sekabehane ruh lan kang dadi presidene (hal 17) negoro. 

Dene ruh kudus asal dumadine soko nur jati dene sekabehane ruh iku asal dumadine Songko Nur sifat Iyo iku Songko Nur Muhammad tegese yen ruh kudus ikuasal dumadine Nurjati Iyo iku asale Songko alif telung perkoro Yo iku Songko III (woco A, I, U)  tegese Alif dzatul wahid  lan Alif huruful Wahid lan alif mutakallim Wahid Iyo iku kang dadi arane menuso sejati, sejatine menuso lan keno di arani sejatine Alloh- Alloh Sejati kang di ibaratake manuk hakiki.

Dene Kabeh ruh iku asale Songko hak'e lafadz اللهُ  kang di arani Alif Tamsur.  
Dene yen durung ketingal dadi Alif Tamsur isih wujud Ha' iku unine HU,  sebutane Iyo Hu sak wuse dadi Alif Tamsur banjur di arani Alif Tamsur, banjur di arani menuso majazi utowo di arani manuk majazi Iyo iku sejatine wiji kang bisa nyukulake jagat sak isine lan bisa nyukulake jasat lan kahuto tapi ngertio  saktemene alam sak isine (hal 18) LAN jagat sak isine lan jasad sak gautane iku Kabeh ora ono biso obah yen ora Ono urip. Dadi oranono obah manuk majazi yen ora obah manuk hakiki, orano obah kabeh alam sak isine jagat sak isine, jasad sak gautane yen ora obah Urip Jati , Urip Jati kang di arani menuso Jati yoiku sejatine urip - Urip sejati.

Mulo ibarat negoro iku saktemene olo becike tergantung ratu utowo presiden.

Ugo subur utowo ancur utowo sibuk amane keruh utowo tentreme iku Kabeh ora tergantung menteri menteri. 

Ora dadi yen denb tingali dhohire iku tergantung Songko menteri menteri tapi yen ditingali Songko hakiki Kabeh iku mau tergantung presiden soale sing duwe kekuasaan penuh iku mung presiden. 

Dadi saktemene pekerjaan mentri mentri  iku mau sak temene pekerjaane presiden.

Selesai 

Posting Komentar untuk "Pasal Kanggo Ngerteni Ilmu Toriqot"

 

Sak derenge Maos kitab tawasul Rumiyen dateng Syeh Muhammad Siroj Al Arif lan Maos Sholawat x4